
Kidung ini diciptakan oleh Kanjeng Sunan Kalijogo, bila ditembangkan dengan benar dan dilakukan ditengah malam, akan terasa kasiatnya…. Sebuah energi positif akan keluar membawa ketentraman hati dan energi tersebut juga mampu menghindarkan diri kita dan orang-orang disekitar kita dari gangguan Jin, hewan buas dan niat jahat orang lain.
KIDUNG RUMEKSO ING WENGI
Ana kidung rumekso ing wengi
Teguh kaya luputo ing loro
Luputo bilahi kabeh
Jim setan clatan purun
Paneluhan tan ana wani
Miwah panggawe ala
Gununing wong luput
Geni atemahan tirto
Maling adoh tan ono njarah ing mami
Guno duduk pan sirno
Sakahing lara pan sumyo bali
Sakeh ngomopan sami mirudo
Welas asih pandulune
Sakehing braja luput
Kadi kapuk tibhaning wesi
Sakehing wiso towo
Sato galak tutut
Kayu aeng lemah sangar
Songing landhak guwaning
Wong lemah miring
Myang pukhiponing merak
Pagupakaning warak sakalir
Nadyan arca myang segara asat
Temahan rahayu kabeh
Apan suriro ayu
Ingideran kang widodari
Rinekso malaekat
Lan sugung pra rosul
Pinayungan ing hyang sukmo
Ati adem utekku baginda sis
Pangucapanku ya musa
Napasku nabi ngisa linuwih
Nabi yakub paniyarsuning wang
Dawud suworoku mangke
Nabi Ibrahim nyawaku
Nabi sulaiman (sleman) kasekten mami
Nabi yusup rupaningwangng weng
Edris (idris) ing rambutku
Baghindo ngali (ali) kuliting wong
Abubakar getih daging Ngumar (Umar) singgih
Balung baghindo Ngusman (Usman)
Sungsumingsun patimah linuwih
Siti Aminah bayuning angga
Ayub ing ususku mangke
Nabi Nuh ing jejantungku
Nabi Yunus ing otot mami
Netroku ya Muhammad
Pamulaku Rosul
Pinayungan Adam Kawa (hawa)
Sampun pepak sa’katahe para nabi
Dadiya sariro tunggal
1 komentar:
Fatma... pye arep ngerti khasiate lha wong aq gak iso nyanyine pye jal....
Posting Komentar